Roti kluwung

Roti Pelangi

Roti kluwung utawa rainbow cake (basa Inggris) ya iku roti lapis kang wernané kayadéné kluwung.[1] Roti iki sengaja digawé déning Kaitlin rikala ana acara pisahan karo kanca raketé.[1] Kancané iku remen sanget karo kluwung lan uga lémon, iki nggawé Kaitlin péngin ngewenehi kado kang béda.[1] Dhèwèké péngin gawé roti kang rikala diketok bakal ngewenehi kaanan kluwung lan mambu citrus.[1]

Roti kluwung saiki nembé disenengi déning masarakat mligi kang bener-bener seneng karo roti.[1] Saliyané rasané kang énak, wujudé roti kluwung dhéwé ayu banget amarga warna kluwung iku.[1]

  1. a b c d e f Sejarah Rainbow cake Archived 2012-12-27 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search